Puisi Purna Tugas Ibu Dra. Ganeswati

Sekedhik atur dhumateng :
ibu Ganeswati

karya Ibu Thea

G umantine jejibahan wus tumeka
A yahan lumingsir saka sabene
N ing, panggah bisa asung pambiyantu
E lingke kautaman ing wicara lan laku
S umungguhna bisa kaputer bali
W anci nggo srawung ing urip kang urup puniki
A yem tentrem tanpa runtik ing nala
T etepna donga dinonga
I ng Gusti, mugi berkah sadawane wektu kang kasisa

17 Juni 2025